Senin, 18 Juli 2016

TATA KRAMA/UNGGAH UNGGUH SISWA TERHADAP GURU/STAF MTs N BOROBUDUR UNTUK TUGAS MATSAMA t.p. 2016/2017



SOSIALISASI MATSAMA T.P. 2016/2017
MATERI TATA KRAMA/ UNGGAH UNGGUH MATUR MARANG BAPAK/IBU GURU/STAF
ANA ING MTs N BOROBUDUR

Unggah ungguh kang becik nalika matur(ngomong) dibarengi karo tindak-tanduk (sikap tingkah laku) sing becik kanggo ngajeni wong liya(tiyang ingkang langkung sepuh).
Tata krama ing lingkungan madrasah & ing njaba madrasah.
1.      Tata krama salaman/ salim
Yen salaman kudu ndhungklukake sirahmu ngasi ngesun astane (cium tangan) Bp/Ibu. Yen nganggo topi, dicopot dhisik. Yen lagi nggawa sepedha, mudhun, banjur dituntun, lagi salim.
2.      Tatakrama yen arep ijin nang WC
Maju meraki Bp/Ibu guru, banjur matur kanthi sopan aja cengengesan.
“Pak/Bu.., nuwun sewu kula badhe dhateng wingking.”
3.      Tata krama yen arep takon pelajaran
Yen arep takon, ngacung banjur takon “Pak/Bu, kula badhe nyuwun pirsa bab .....(sing durung jelas apa)
4.      Tata kramane yen arep madosi Bp/Ibu guru
Slempange dianggo. Banjur meraki kantor guru. Sakdurunge mlebu aja lali nothok lawang banjur salam. Topine dicopot yen nganggo. Meraki Bp/Ibu guru banjur matur:
a.      “Nuwun sewu Pak/Bu kula badhe nyuwun pirsa, mejanipun Bp/Ibu guru ...... wonten sisih pundi? Matur nuwun.”
b.      “Nuwun sewu Pak/Bu kula badhe nyuwun pirsa, Bp/Ibu guru ...... samenika wonten pundi nggih? Amargi samenika jamipun wonten kelas ......(kelasmu apa) Matur nuwun.”
5.      Tata kramane yen ana ing njero masjid
Yen wis wayahe dhuhur langsung wudhu, mlebu masjid oraudah nggawa topi, ora sah karo gojegan, anteng orasah omong dhewe. Yen wis sholat ya sing khusuk aja karo gojegan, watuk-watukan, pidak-pidakan sikil, dhehem, dolanan umbel. Dhuwit kricik disak ing kathok.Lsp.
6.      Tata krama yen kepethuk Bp/Ibu guru ing ndalan
Yen kepethuk Bp/Ibu guru ing ndalan ya lumrahe kudu aruh-aruh, “mangga pak, badhe tindak pundi pak/ bu? lan salim.
Yen le kepethuk nggawa kendharakan ya aruh aruh, lsp. Utawa nglakson karo manthuk.
7.      Tata krama karo bapak/ ibumu
Sakdurunge mangkat sekolah kudu pamit karo wong tuwamu. Lan matur
“Pak/Bu, kula nyuwun pangestunipun badhe sekolah rumiyin,
8.      Tata krama arep ngisekke isi spidol
“ Assalamualaikum, Pak Toha, Menika kulo bade ngresahi nyuwun dipun iseaken sidol”       
“ Matur nuwun Pak, Assalamualaikum”
9.      Tata krama arep nyilih buku nang perpustakaan
“ Bu, kula bade nyuwun ngampil buku menika”
“ Bu, bade mbangsulaken buku”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar